B. Daerah

Pertanyaan

contoh tembung lumak sito purwakhnti yoiku

#maksimal 04
#no spam dan copas

1 Jawaban

  • Purwakanthi iku tegese runtute Swara, Sastra, sarta tambung kang ana ing ngarep karo Swara, Sastra, lan tembung kang ana ing mburine.
    Purwakanthi kaperang dadi telu, yaiku :
    1.) Purwakanthi Guru Swara = Purwakanthi kang adhedhasar runtute swara sing ana ing ngarep karo swara sing ana ing mburine.
    Tuladha :
    a.) Watak putri kudu gemi setiti ngati-ngati (Swara i)
    b.) Ana awan, ana pangan (swara an)
    c.) Kembang menur tinandur tepining sumur (swara ur)
    2.) Purwakanthi Guru Sastra = Purwakanthi kang adhedhasar runtute sastra (konsonan) sing ana ing ngarep karo sastra sing ana ing mburine.
    Tuladha :
    a.) Tatag, teteg, bakal tutug (sastra t)
    b.) Sluman slumun slamet ( sastra sl)
    c.) Kala kula kelas kalih, kalung kula kolang kaling (sastra k)
    3.) Purwakanthi Lumaksita = Purwakanthi kang adhedhasar runtute tembung sing ana ngarep karo tembung sing ana mburine.
    Tuladha :
    a.) Kolik priya, priya gung anjani putra (trmbung priya)
    b.) Nandhang lara, larane wong lara lapa (tembung lara)
    c.) Rujak degan, degane krambil ijo (tembung degan)

    Semoga bermanfaat

Pertanyaan Lainnya