B. Daerah

Pertanyaan

guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu tembang maskumambang, yaiku...

1 Jawaban

    • Guru gatra tembang maskumambang, yaiku 4 gatra.
    • Guru wilangan tembang maskumambang, yaiku 12, 6, 8, 8.
    • Guru lagu tembang maskumambang, yaiku I, A, I, A.

    Pendahuluan

    Hai ! Ing jawaban iki kula badhe ngrembag babagan “tembang macapat”. Tembang macapat yaiku tembang cilik kaiket dening aturan sing diarani uger-uger. Tembang macapat ana 10 perangan, yaiku: pucung, maskumambang, gambuh, megatruh, mijil, kinanthi, durma, pangkur, asmaradana, sinom lan dhandhanggula. Tembang macapat ana telung uger, yaiku:

    1. Guru gatra, yaiku cacahing gatra (baris) ing saben sapada (sebait) tembang macapat. Cacahing pada (bait) beda-beda gumantung saka jinis tembang. Saben pada (bait) ana 4 gatra (tembang pucung) nganti 10 gatra (tembang dhandhanggula).
    2. Guru wilangan, yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra (sebaris). Guru wilangan ditulis ngnaggo angka utawi wilangan, nanging umumipun saben gatra minimal wonten 6 wanda.
    3. Guru lagu, yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra. Swara yaiku aksara swara, yaiku A, I, U, E, O. Yen ing gatra dipungkasi huruf konsonan, Gunakake huruf vokal sadurunge huruf konsonan.

    Pembahasan

    Ing pembahasan puniki, kula ngrembag babagan "Tembang Maskumambang". Tema tembang maskumbang yaiku rasa sedhih, sing asale saka rasa welas asih, kuwatir, susah, utawa prihatin. Ing sawetara conto tembang, maskumambang akeh sing nyritakake anak sing durhaka marang wong tuwane, saengga dheweke nandhang sangsara. Uger-uger tembang maskumambang:

    Guru Gatra

    Tembang maskumambang nduweni 4 gatra saben sapada.

    Guru Wilangan

    Tembang maskumambang nduweni :

    • 12 wanda ing gatra kapisan
    • 6 wanda ing gatra kapindho
    • 8 wanda ing gatra katiga
    • 8 wanda ing gatra kapapat

    Guru Lagu

    Tembang maskumambang nduweni:

    • Huruf I ing pungkasaning gatra kapisan
    • Huruf A ing pungkasaning gatra kapindho
    • Huruf I ing pungkasaning gatra katiga
    • Huruf A ing pungkasaning gatra kapapat

    Kesimpulan

    • Guru gatra tembang maskumambang, yaiku 4 gatra.
    • Guru wilangan tembang maskumambang, yaiku 12, 6, 8, 8.
    • Guru lagu tembang maskumambang, yaiku I, A, I, A.

    Pelajari Lebih Lanjut

    • Geguritan https://brainly.co.id/tugas/23691226
    • Tembang dolanan https://brainly.co.id/tugas/37521064
    • Tembang-tembang Jawa https://brainly.co.id/tugas/41013005

    Detail Jawaban

    Kelas : 7

    Mata Pelajaran : B. Daerah (Jawa)

    Materi : Tembang jawa

    Kode Kategorisasi : 7.13

    Kata Kunci : Tembang macapat, uger-uger tembang macapat, tembang maskumambang.

    #SolusiBrainlyCommunity

Pertanyaan Lainnya